Nyoto opo orak nyoto , Wong Jowo Malaysia wes ngeithokno rupo

بسم الله الر حمن الر حيم



Assallamnualaikum warrohmatullohi’wabaro’katuh
Sedoyo tiyang Jowo Malaysia .
Nyotonea Wong Jowo  wes podo ngeithokea rupo . Percoyo opo orak ,nek wong Jowo iki iso nyandeng  awak  mareng  dunio  seng maju nang ngarepanea moto . Nek jaman seng uwes  sak durungea merdeko , okeh seng nang kampongan , isek lunggoh kambek keluorgonea dewe dewe . Malaysia merdeka  seko British orak nyandeng lan ngilengi ujudea wong Jowo  , utowo ditowo  gowo boso lan budoyonea seko njowo . 
Rumongso nek wong njowo seng podo lunggoh nang Malaya iku ngelamprah  ndak nono seng ngelurahi  bongso Jowo digaei ngajokno  suoro wong  Jowo . Wes merdeko wong seko njowo dipanjeri  jajaran kanggo golek pangan lan sandangan nang kene . Sak lawasea Malaysia merdeko , wong Jowo iki gor nunut mareng  tonggo  sak jajaranea lan ngedeknea  keluorgo  dewe lan  dulurea seng berayan teko seko njowo .
 
Sak suinea iki wong Jowo wes digediknea  mak lan bapakea , nunut unduh ngelmu kantek  podo pinter lan nyandang  kerjan lan panggonan  , ngedekakea  keluorgo dewe dewe , lan sui sui wes podo ninggalke kampongea nyongsong manggon nang mbandar gedi , podo mergawei  berayan urep nang  negoronea seng dipanggoni mak bapake .
 Jaman saiki boso lan budoyo Jowo wes orak patio di unggulke , gor nang kampongan seng isek ono wong njowo seng  ngumur ngamalake boso Jowo   , okeh seng wes ninggal dunio , seng keri wes orak patio iso ngomong boso Jowo lan kabeh turunanea wes podo mancal boso wong lio amben dino .
Turunanea tiyang njowo Malaysia wes podo gedi , ngeladeni urep dewe dewe , kantek boso lan budoyo Jowo wes  ngelentruk  orak diunekno . Mergo saiki tiyang Jowo wes podo weroh dunio seng maju , seng orak keno ditangguhake menuso  , kangge ngeladeni wayah urep nang dunio .
Nang Malaysia seng wes maju iki okeh wong Jowo seng pinter dolanan komputer . Tonggonea  suku Jowo wes ngetoknea rupo , bosonea wes iso digowo , diwoco lan okeh seng isek  niteni maknonea. Seng  iku pun  gor  boso Jowo Ngoko . Nek boso Jowo alus okeh seng orak iso .
Boso Jowo Ngoko iku ,isek  ramei seng  pandei ngomong lan moco aksaranea , nek muniknea  podo nek ngeijo kangge abjad seng wes bioso digunake nang negoro Malaysia .
Komputer wes ngelamprah nang omah wong Jowo , seng nduweni seng tuo , isek panggah iso ngomong Jowo . Anak anakea okeh seng wes orak iso boso Jowo , opo maneh nek rabi wes kambek wong lio dudu wong jowo , seng ngerabeni  wong Jowo pon yo panggah okeh seng orak iso ngomong Jowo . Iku kabeh wes ditoto negoro , sabjek Jowo orak nono diajari  lan ditoto , gor dieleng elengi dewe  nek awakea iku wong Jowo .
Malaysia wes moden , wong Jowo wes pinter nek golek sandang panggan . Nang jajaran  Media seng anyar iki kabeh menuso wes iso adepan tonggo . Adoh cedek orak dadi masalah kangge  ndongolake rupo dewe dewe . Iki lah wayahea wong Jowo bakal iso maneh moco lan ngomong boso Jowo . Sak durungea boso Jowo susah arep digowo . Nang ngarepan komputer wong Jowo wes iso lungguh ngadepi dulorea sak bongso,  ngunggulake boso Jowo Ngoko seng paling penak diwoco lan di gaei  cerito . Ceritonea wong Jowo Malaysia bakal disambong neh lain dino .
Kesuwon iso monggo lan moco boso Jowo . Kulo iki pun orak patio iso . Agek ngasah boso Jowo ben terus ono nang jajaranea wong Jowo . Bakal tak sambung neh nek umurea isek dowo . Kesuwon  mareng  konco konco Jowo .

Comments

Popular posts from this blog

JUSTLY SHARING

Penggemar seni suara merbuk /perkutut Thailand/Siam

ASAS BERTIKTOK