Gedi cilik podo baei pintune

بسم الله الر حمن الر حيم

Evaluasi  menuso ( balung Jowo ) iki kangge gawe jembatan sedoyo sedulor suku Jowo nang dunio , mikirno kudrat  lan meripat  gawe nyandengi  asimilasine wong Jowo seng isek urep , mestine yo wong Jowo podo maju orak terus keleru  , mugo mugo ono seng ngajukno  jajaran ndawak’e dhalan  barokah Kanjeng Gusti  Allah mareng fitrah’e tiyang Jowo  unggulno boso , budoyo lan ugomo .
Sedoyo sedulor Jowo kudhu duwe   ngakal  seng  apik lan bagus gawe ngedek’e jajarane bongso Jowo , pastine yo ono seng maju nang ngarepan nyuguhno  ngelmu ,  panganan lan nebarake herto seng luwe dikanggono dewe mareng sedulore , kangge  mbantu  berayan  nyandeng pakan lan pangan  sak onone , ben  kabeh Jowo  ngerasak’e bareng lan tetonggone seng dudhuk Jowo  pun  orak diujarke waei .
Tiyang Jowo seng mantep lan sugeh herto lan ngelmune kudhu mikirno  coronea , kepiea arep ngepenak’ake sak kabehan’e  dulor Jowo  lan persekitaran urepe . Pastine seng sugeh lan seng ngelmune okeh iku terus mbantu , ngolek dhalan  njejeri   kuoso politik ben  ngeruhi kekuatane  suoro wong Jowo , ditebar’no .
Pertomone yo nyenengi sak kabehane menuso  , ngutamakno ugomo Islam  mareng  bongso Jowo  lan  bongso lio , lungguh  nanggapi seng bedo ugomo , wong kabeh iku yo podone menuso .
Wayah iku teko lan lungo , orak dicelok  yo panggah teko , orak dikon lungo yo panggah ningalno kito . Hikmah nang dunio kudhu dierohi amben dino  , mugo mugo wong Jowo mampu ngadekno boso , budoyo lan  jajaran ekonomi  nang dunio .
Orak  dipereki , orak diadohi , kabeh iki ngilang’ake  gawan leluhur  Jowo , pikir pikirno , berayan ngadek’ne sak kuat’e kudrat lan mripat , ojo podo njepat  lan minggat , nyiparati seng gawe munajat , disonggohi , dienteni lan dido’ngo’ni  , orak payah pati geni , kabeh Jowo yo mesti wani nampani , seng ilang iku bosomu , budoyomu dewe . Panjer totokromomu kangge ngelurus’ake ngangsu ngelmu , nek ketemu ditebar lan dikanggono  tonpo bioyo dunio , pastine dititipi suoro seko syuargo . Ayoh berayan ngerubah jajarane wong Jowo .


 

Comments

Popular posts from this blog

Penggemar seni suara merbuk /perkutut Thailand/Siam

JUSTLY SHARING

ASAS BERTIKTOK