sembang jowo

بسم الله الر حمن الر حيم



Farid Mohd Nor:  nek sok sok PM umumke gaji penjawet awam mundak 25% yo shukor Alhamdulilahhhhirobilalamin...​Kue maknane ekonomi negoro wes stabel.Nek ora entok bonus pun ora opo pasa gaji wes mundak....yo difikirke nek mundak 25% nek gaji nesewu wes tambah rong atus setengah sebulan. Nek stahun????/ kan okeh .bener dak...
Mbah Mento Apik la kui.... Nak wes dibayar duwur kulo mulo isin pak ngerokok sui sui ngiosr pokok nyolong balong....Makin mundak makin gedi amanah hea...Alhamdullilah
Mbah Mento Tapi masalah urong tentu dhadi kok wes kecoh neng kono keney...Nak EPF, LHDN, Petronas oleh bonus sampek 4-6 bulan senyeppppppppp wae... Nak gomen urong oleh wes mbengak bengok rono reney...
Farid Mohd Nor Emoh lah kang ,Agek arek gubal gaji wes di gembar gembor. Aku ke kor ngomong Nek entok yo Alahmdulilahh..
Mbah Mento hehehehe..kulo pun alhamdulilah meneh-meneh anak ea makin ramey makin gedi....
Farid Mohd Nor yo podo-podo kang. kulo pun ngunu anal-anak eh podo sekolahan kabeh ..
Wadi Roni pemerintah wes kepepet , nek nafase wes arep sampek gulu baru diunggahke gaji ..iku wes lumrah ? Utek politik kemelayuan@kebaratan wes reget ..Meneh naluri kebangsaan iku wes dipepet kambek metodologi Bumiputera , kuosone wes goyang. Jajaran lan keutamaan kuoso Islam morat marit orak didadike prinsip lan susur galur njembarake kuoso politik negoro ..Kalau pejawat awam terima habuan , mungkin juga sipesara tidak dipinggirkan ...hehe//
Embah Buyut malah seng umur perasaraan arek di sambung 60 taun opo bener yo?
Mbah Mento Paper 60 tahun ijek neng JPA.... Bar iki kerajaan kena onp nubuh kea Jabatan Khairat Kematian sebab nak penjawat awam mundak 60 tahun menowo nea ramey seng ora sihat utowo inalillah seurong pencen perlu ke akebajikan.
Wadi Roni kerajaane wes kaboten arep nampong wong seng bersara ..mulakno kui digeret umure ..saiki pun wes ramei seng podo optiol awal ..aku rak pernah sain pak nyambong seko awal bien..omor 50 jikok option. pompong isek sehat hehe
Mbah Mento Nak kebunku thathi ngasil seurong umur 50, kulo pun mikir pak option... kerja ora ono Boss meneh nggawah.
Wadi Roni Mbah Mento, syokor opo seng ono ..wong gedi ki kadang nyebelne utek ..nek meeting 9-1 amben dino ..kopenge berebek (jab. rahsia yo ) ..nek jab. lio aku rak pasti la hehe
Mbah Mento Seng lebih sudu karo kuah hea kui wong kanan kiri nea njalok seng ora-ora tapi sebener rea seng nduwur ora reti opo-opo...menowo nea ono personal interest...
Wadi Roni Oponeh ono nkra ..indek ngapos tok hehe
Mbah Mento hahahahaha no komen...ewon jutaan pasal pak ngomong statistik wae... kulo pun iso
Embah Buyut melas ke kakang ku seng wes bersara askar ora cukup 21 taun kurang 4 bulan ora entok duit pencen....omonge ora cukup service.....tapi nek kakitangan awam kurang 3 taun pun kok iso entuk duit pencen, gor ora kebek la...
Mbah Mento lho.....
Wadi Roni Embah Buyut, pikiran wong gedi ( pembuat dasar ) iku lain , deknen kui gor iso urep seneng waei , jare askar kui gor mangan turu ..orak ngetokne keringet hehe . Mulakno okeh pesara perajurit podo orak nyongsong BN . Nek perang kudrate dikanggeno ..nek modar yo dikafanno ..balu lan anake okeh seng loro ..mboh la aku gor iso ndoa ben aman negoro ki saklawase urepku//
Jaini Jaffar kono Alhamdulillah munggah gaji...pokokea mutu prestasi pkhidmatan mesti jempol...ojo sok nang kantin wae...bab 60 baru pencen,mesaknea cah cah nom seng bar grad arep melebu pasaran kerjo kjaan ra ono peluang..cah2 nom saiki (konco2 ku nang PG) akeh seng ra sokong kjaan pasalea kon belajar duwur2 ijazah gulung2 koyo keloso..jaluk kerjo ra entok2...piyea kuwi.
Wira Sinto lho kok wes melebu politik nang kene...opo wes keneng yo...
Mbah Mento hahaha... ojo musuh mushan utowo gaduh neng kenek yo wes...nak ngutarak kea pendapat tanpa memburuk-buruk keaseng lio ijek kenek... Wong JOWO kenak profesional....
Wadi Roni seng pelapis pun wes okeh seng pinter , iku pasal gaya idup wong gedi gedi arep ngekalke jabatane ..nek wes bersara emolumene wes orak nono hehe ..seng gaei dasar yo kabeh manthuk manthuk . Donge seng wes ngumur iku nyumbang mindo njembarake dalam ukhuwah ummah . Jaini Jaffar JEMPOLLL//
Ojek Oplek kang Jaini Jaffar, kerjo ngowo lori wae... penak.....
Wira Sinto kerjo kui nangdi ndi eneng...wes ora payah mikir mangan gaji...wong njobo teko rene ora nduwe opo opo yo iso sugih...kopet yo ngono...ora payah mangan gaji...tapi mboh lah metalitine wong ndewe...nduwe ijazah mesti kerjo mangan gaji...nek ora entok bengak bengok rono rene nyalahke wong liyo...
Wadi Roni wong urep nek rak duwe utek politik bakalan ketingalan , kuoso politik iku hak mutlak kabeh menuso ..kito wong jowo pun duwe hak suku bongso jowo njembarke keguyupane utek seng wes diasimilasi jaman berjaman ...ngapuro nek ono seng orak sukak ..iki lah seng nyoto nang dunio - dagangan=politik=ugomo( kuoso ) njembarke lahan seng isek ciuttttt//
Jaini Jaffar Kang Wira...wes mind set wongea kito ngono...setengah seng sugeh bisness asalea yo mangan gaji golek pengalaman, kenalan, baru wani bukak bisness,....Ojek Oplek...contohea cah nom ra milih kerjo, ngowo lori...kuwi setaraf karo "pilot' lah ....
Muhamad Samudi Yasir akeh wong gedi mikir, wayah umur >55 th iki lah wayah 'ngetop' kemuncak pinter re. meh kabih berangan-agan ... sayang nge idea ku seng paling bernas ki ra keno digunakke maneh pasal pencen. eneng pulak seng ngomong ... arek ngawe opo nek pencen. koyolah urip pe ora bermasyarakat, berjemaah, berkhariah ... pasal le selawas se tembuk omah e duwue mbanget ...eneng pulak seng gobios nek mikirke janji pencen pendapatan ne jungklep eneng seng gor thathi 30% pendapatan sak turunge. ... eneng pulak bocah nakal seng ngomong kerajaan memang arek endawak ke umur kerjo pasal ekonomi wes morat-maret. paling orak nanggoh mbayar imbuhan persaraan. ....seng pentik ojo thi wajib ke ...
Wira Sinto kang jj engko ngeteh yo...kito bincang bisnes...hehe
Wira Sinto kang MSY...jempol kang...
Wadi Roni Prof.Muhamad Samudi Yasir, kesuwun berayan ngoceh nang kene ..kulo gor arep pak takon opo salah yo nek kito ngobrolan bab seng nyantel politik utowo kuoso pemerintah nang laman koyo iki ..pandangane penjenengan tak tunggu , mugo mugo iso kangge dalan njembake utek ..kulo ki gor wong abangan tok ..uteke orak patio jembar .//
Mbah Mento Seng penting ojo manutan wae.... luah kea secara profesional...sebab seng diluah kea kui ono seng merati lan keno digowo moso mesyuarat karo ketuo nea...ojo personal wes la...tumpas berdepat tak semestinya terputus sedulur..
Wira Sinto yo lah nek ngono...gor arep ngelengke...klambi sing dienggo renone lain lain..eneng sing ijo...biru...abang...nek arep ngomongi melok toto keromo wong jowo...ojo terus terusan nyebut parti ABC...mungkin eneng sing dak seneng....wdehik ora guyup...alon alon ngedhoh...kuwi gor pendapatku sing ara sekolah duwur yo kakang kanag kabeh..hehehe
Seni Pelita gaji podo arek mundak .... kolitie kerjo kok nambah nurun .. sembenge politik ora entek2 ... ?????? ...
Muhamad Samudi Yasir mas Wadi Roni, iki lan laman wong jowo, ra patek pantes kito ngobrolan pasal politik. sak niki fahaman politik jowo pon wes betho-betho. kui kan hak peribadi. thathi seng lebih afthal kito ngumpolke wong jowo ndisek, rapetke ikatan siratulrahmi, imarah ke boso jowo ben ojo pupus, angkles ke ekonomi, mbantu keluorgo jowo seng ra kecukupan. nek sambel methang ra opolah kito ngobrol politik. iki gor pendapat peribadi ku .....
Wira Sinto kang SP...nek ora mundak nyalah ke wong politik pulak...hehe
Sam Rachmat Yen nyembang politik ki ra ana buntute, ra ana we se....mbok disediake wasit kaya ngapa pun ra bakal tuntas wong masing-masing pada duwe ideologine dewe-dewe........mendingan​ kita ngobrol ukara liyane wae, geguyonan ngana ben jembar utekke...ben saya luwes basane, luih guyup persederekane
Abu Lina hehehe..nang ngon medhang keno sembang politik nganti gebuk2 kan..bar kuwi podo salam2 man.ngesok2 medhang2 neh..antem2man nmeneh,ora iso rampung nek sembang politik sebab masing2 akan mempertahankan ideologi ne.
Wadi Roni Jaman jagok'an kedei kopi wes ketinggalan ...modenisasi lan teknologi cyber jaya ( internet ) seng terbuka wes melompong nang ngarepan moto ..wes orak payah kangelan arep golek pengangkutan kangge melaku enggon seng adoh ..cokop nongkrong nang ngomah wes iso mbincangake opopun , MUNG didelok lan diperhatiake wong lio ...yo oposalahe ..iku lah kebebasan mutlak menuso ..strategi umpet umpetan wes orak bakalan mempan , wayahe terus melaku , nek wong Jowo orak sedio ngadepi seng koyo iki bakale kabeh wes orak kanggo gawei . Kito kudu ngerebut peluang seng orak pernah kito oleh ..iki lah bedone seng kudu diadohke . Memang susah kangge wong seng kerjo nang pemerintah arep melu ndongol secara terbuka koyo iki , tapi bagi wong seng bebas seko ikatan ikrar , ikilah dalan seng paling mujorobat jaman saiki . Aku go iso jaluk ngapuro nek eneng seng orak setuju ngomongan ku . Iki gor pendapatku seng gor sekolah atep ,mung pernah sikele seng siji nang jero kerangkeng . Orak eneng salahe janji orak matine wong utowo arep mberontak ngerusak keamanane negoro //
Wadi Roni ...kulo setuju kabeh opo seng dikandake lan diceritake nang kene . Memang kito ki suku bongso Jowo seng nunut lan manut pasal wes diasimilasike budidaya pemikiran kambek wong Portugis , Inggeris , Jepang, China seng monopoli kuoso dagangan ( tentu sekali kuoso politik seng didukung bongso ) . Nek delok sejarah tamadun lan adab tanah iki memang didadi'ake rebutan ( Sejarah MelayurRaya vs IndonesiaRaya ) . Opo neh sikap nasionalisme kemelayuan seng ngadepi kuoso jajaran ,seng manut lan nunut kekuatan dokongan Inggeris ngenepik'ake kuoso Jepang lan Chino iku ndadik'ake muncul sikap kebangsaan nang negoro iki lawanan kambek bongso Indonesia ..ngedek'ake kuoso Jawa=Jawi=Melayu . Ikilah tinggalane sejarah . UMNO memang didokong Inggeris,seng liane gor mbangkang lan terkangkang. Kantek jaman saiki dasar pemikiran iku orak berubah , kuoso politik iku sakwijine dalan seng diagungke kangge nguasai opopun , Penguoso Melayu kambek idea didikan Inggeris terus ngelebarake jajaran , kantek isu bongso digegerno seko jajaran sabah serawak ( Bumiputera ) diadaptasi , orak melu opo ugomone ...walhal Islam iku ugomo resmi negoro iki . Nang UMNO wes ono wong uduk Islam nyandeng kuoso bareng .Nek dipandeng seko sisi bongso lan politik iku gor gaei dalan ngekal'ake kuoso perintah .Melu awakku seng duwe geteh Jowo memang orak ono salahe kito ngelangkah lan nyuorok'ake roso ngati bongso ben bedo pemikirane tapi terarah ngedek'ake lan unggulne suku bongso Jowo .
fasa satu mukabuku//
 

Comments

Popular posts from this blog

Penggemar seni suara merbuk /perkutut Thailand/Siam

JUSTLY SHARING

ASAS BERTIKTOK