akale menuso panggah bedo

بسم الله الر حمن الر حيم

Akale menuso pastine yo bedo . Ikula'lakonane menuso seng ketoro . Mentolo opo orak mentolo nek mandheng  panggah podo lego, lek nunut, lan manut  yen unggulake totokromo seng leluhure ngadek'ake. 
Menuso podo ngangsu ngelmu nang dunio . Nyowo kudu dijogo dewe dewe ngelakoni opo waei seng diarep, dilakoni, njur iso mileh kangge golek panganan  keluargane .
Seng pinter diceloki priyayi , seng leres budi ngeladeni  ngati yo seng dadi santri , seng maleh ngabdi yo dijenengi abangan , gampang nek ngelempang nyembah lan lungguh  mareng seng duwehi herto lan pangkat,  kangge kuoso ngajukno suoro .
Aku Jowo , isoku gor ngoko .....…kowe sopo ? Seng pinter kromo inggil yo diterusno  ngelestariake boso , mugo mugo okeh lan iso diwoco . 
Seng mbeko yo panggah seng duwe kuoso . Okeh herto , seko wong lio , dikumpolno orak disuguhake nang tonggo sak bongso .
Hertone okeh seng luwe lan orak dikanggono, gor dipanjer, dibeberake, dhalane keluargone pon panggah dewe2 . 
Orak rumongso dadi menuso , hertone sak mono iku tinggalane wong seng ngabdino kudrate nyonggo urep koyo upo sego, dipandheng lan diujarno  . 
Seng demen lan seng orak demen terus gawe perkoro seng bedo , isone meneng janji ngatine ayem lan tenterem .  
Aku gor iso mandheng . Kowe seneng,  opo orak seneng panggah iso mandheng uwong iku seneng opo uteke podo munyeng munyeng ?
#ketibanduso//

Comments

Popular posts from this blog

Penggemar seni suara merbuk /perkutut Thailand/Siam

JUSTLY SHARING

ASAS BERTIKTOK