karangane wong jowo ngelestariake boso jowo ngoko

بسم الله الر حمن الر حيم

“ Assallamualaikum, warohmatullohi’wabarokatuh “
Sedoyo sedulor Jowo ,  seng  nganuti ugomo Islam utowo  ugomo seng lio , mugo mugo  kito dadi wong Jowo  seng manut lan lungguh ngadepi  dalan leluhure dewe nang dunio .
Kangge turunane Kanjeng Sultan Hamengkubowono , poro  priyayi lan santri (kiai’) Jowo  , mugo mugo penjenengan sak kabehane  oleh barokah nang dunio . Kulo iki gor turunane poro abangan seng kewalahan nang dhalanan , nyuwun pengapuro mareng  sedoyone dulor Jowo , nek  ono aksoro seng  diwoco  nang kene  mboten di’ngertosi   lan nganggu mareng njerone ngatine wong Jowo .
Wong Jowo iki sak tenane orak podo karo bongso wong lio seng urep nang dunio . Majoriti Jowo  kurang luweh 90 billion sakanterone dunio  seng isek iso boso tinggalane leluhure dewe . Bosone  dewe  okeh seng wes orak iso ngowo  lan ngucapno . Ngoko , kromo lan Inggih wes diujarno , gor  okeh seng iso ngangge boso iku amben dino yo Jowo seng isek ngumpul lan urep nang deso deso . Bosone  kito iki amben dino terus mendelep lan orak sergep .
Wong Jowo arep nyalahake sopo ? Dadi wong Jowo  bosone diumbar orak dibelo lan diunggulno . Okeh Jowo wes podo pinter lan jakep urepe  sak lawase nunuti tinggalane Londo lan Inggeris utowo Portugis Utowo Jepang . Wong Jowo seng duwe kuoso politik gor manut  kambek bongsone wong lio , lek gaei ngedekake negoro . Tanah Jowo iku  udhuk  negoro seng  merdeko . Menowo okeh seng orak nyetujui ngomongane kulo , yo orak popo . Mergone podo dipikirno pener opo orak pener , nek kuoso politik Jowo iku gor manut mareng  aturane Londo lan Inggeris  nyuguhi  tanah jajahane  kemerdekaan negoro dijeneng’I Indonesia  seng unggulake boso  Melayu lan caturane  Pancasila . Nopo kok wong Jowo nyanggupi  perkoro seng koyo ngono ? Tanah Jowo , wonge okeh suku wong Jowo nek dibandingake karo sukune suku bongso wong lio , panggah nunuti aturane  seng dudhuk unggulake boso leluhure dewe ? Tanah Jowo kok orak diadhekake dadi negoro seng duwe kuoso  merentah dewe lan kangge bosone  Jowo nyandeng jajaran dunio  ?
Jajarane  dunio moden , jembare akal wong Jowo ojo kesumpeken kambek  boso lan budoyo wong lio , Wong Jowo kudhu ngadhek bareng  manjer  tonggone kangge ngajukno wilayah kuoso Jowo seng nampani boso Jowo  semoto moto kangge ndawakake   boso Jowo dadi boso Negoro Wong Jowo . Bab Ugomo yo panggah digowo  seng di’anut , kangge ngelestariake  silaturrahim  mareng  sak kabehane menuso .
Bosone kulo boso Jowo  campuran , seng  iso diwoco  utowo weroh maknane yo syukur , seng orak iso moco lan kaboten ilate yo njaluk sepuro . Kulo gor iso boso pasaran . Ayoh seng pinter lan seng jakep nyandeng komputer , bareng bareng  ngelestariake bosone dewe . Khusus kangge tiyang Jowo seng manggoni Tanah Jowo , mugo mugo ono seng nang ngarepan mancal dhalan kebarokahan .  Kanjeng Gusti Allah panggah nyuguhi Rahmatan Lilalamin . Wong Jowo  tetep Jowo .  Pantes opo orak pantes , kulo panggah  nyandeng  seng pantes . Boso Jowo , Budoyo Jowo lan Negoro  Jowo isek ngenteni kulo  . Negoro Indonesia iku panjerane Londo lan Inggeris ngadohno suku bongso wong Jowo  ngedhekake negorone  dewe . Wong Jowo orak bakalan ucul bosone , budoyone lan negorone nek podo guyup nyandeng kudrat sedoyo tiyang Jowo nang dunio . Ayoh Jowo ..temandang ojo orak temandang .  Kito bukane arep perang , gor karep ngadheke hak lan kebebasan seng mutlak .

 

Comments

Popular posts from this blog

Penggemar seni suara merbuk /perkutut Thailand/Siam

JUSTLY SHARING

ASAS BERTIKTOK